RSS

Senin, 27 Mei 2013

CONTOH PIDATO BAHASA JAWA


hay guys kali ini saya akan bagi-bagi contoh ni, bagi kalian yang butuh contoh pidato jawa itu kayak apa, ini dia contohnya. saya ambil contoh pidato di acara resmi memperingati hari RA Kartini. keep reading guys :)
 
PEMGETEN DINTEN R.A.KARTINI ING SMAN 1 BANJARNEGRA

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun

Bapak kepala sekolah ingkang kinumartan. Bapak ibu guru ingkang satuhu luhuring budhi. Para kancaku, siswa-siswi SMAN 1 Banjarnegara ingkang kula tresnani.

Sumanga langkung rumiyin, sami ngaturaken syukur dumatheng ALLOH SWT ingkang kapareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sedaya  saged kempal ing Aula SMAN 1 Banjrnegara kanthi tentrem, waras, kebaking ing kebgyan, selebetin pahargyan pengenten dinten kartini.

Kaping kalihipun, kulawarga SMAN 1banjarnegara ngaturaken pambagya wilujeng rawuh panjenengan sedaya ing aula SMAN 1 Banjarnegara. Mboten kesupen kulo ngaturaken agunging panuwun dhumateng para rawuh sampuun kersa nglonggaraken wekdal rawuh ing adicara niki ngantos adicara punika saged lumampah.

Para Bapak, Ibu serta kanca-kancku ing satuhu bagya mulya. Kados sampun kauningan  ing ngakathah bilih rikala tanggal 21 April punika mengeti dinten R.A KARTINI.
Pengeten dinten kartini wigantos sanget tumrap kulo panjenengan sedoyo. R.A Kartinii pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angabar ganda arumbangsa Indonesia. Panjenengan nipun punika pangarsa tumrap wanita ingkang karyanipun mligi kangge majengipun wanita wiwit duk rikala bangsa Indonesia taksih dipuncengkrem dening bangsa panjajah. Labuh lebeting R.A kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkah-langkah ing wekdal sapunika ing taksih kedah meres panggalih kangge majengipun bangsa. Panyengkuyuhipun para wanita mboten saged diremehake , malah kepara langkung bobotipun tumrap pambangunan majengipun bangsa punika. Sedoyo punika inggih awit saking pangaribawanipun lelabetanipun ibu kartini ingkang sampun tumenem ngrembka ing mahanipun wanita Indonesia. Sampun cetha ing panggesangipun bangsa kathah wanita ingkang saged kiprah dadi dene para priya ing babagan warna warni . ingkang makaten punika saestu saged damel mongkoging manah.

Kanthi makaten punika sumangga kadang kadang putri sami saged nglajengken gegayuhan tuwin lelabetan ibu kartini ingkang luhur punuka. Ingkang mboten kenging dipun lirwakaken inggih punika tansah ngudi jati dhirinipun putri Indonesia. Putri  ingkang prasaja mrantasi sadengah karya.

Semanten saha makaten atur kula. Mugi mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap sedaya kekirngan lan kalepatan kula.

Nuwun
Wassalamualaikum Wr. Wb.

0 komentar:

Posting Komentar